Jumat, 23 Desember 2011

Tembang

Tembang Jawa ana telung werna:
1. Tembang macapat ana 11 pupuh
     1. Mijil
     2. Maskumambang
     3. Sinom
     4. Asmarandana
     5. Durma
     6. Kinanthi
     7. Pangkur
     8. Gambuh
     9. Dhandhanggula
    10. Megatruh
    11. Pocung
2. Tembang Tengahan:
    1. Balabak
    2. Girisa
    3. Jurudemung
    4. Wirangrong
3. Tembang Gedhe:
    1. Citramengeng
    2. Kusumastuti
    3. Mintajiwa
    4. Pamularsih
Tembang macapat kaiket dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
Guru lagu yaiku tibaning swara (aksara urip) ing pungkasaning gatra(baris)
Guru wilangan yaiku akehing kecap utawa suku kata(wanda) saben sagatra(baris)
Guru gatra yaiku jumlahe gatra saben sapadha

Senin, 19 Desember 2011

Geguritan

Geguritan yaiku rumpakan puisi jawa gagrak anyar kang edipeni ngendelake pamilihe tembung kang mentes,tembung endah, tembung andhahan endah, busanane basa nggunakake tembung rangkep, seselan lan purwakanthi swara.
Sakdurunge maca geguritan kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku:
 a. Analisi situasi (kahanan) lan pamirsa : cara iki ditindakake supaya ngerteni kahanan kang bakal dumadi nalika     pawongan (pamaca) kuwi mau macakake geguritan, wiwit saka :
     - ana ngendi papane
     - awan utawa bengi
     - mapan ana njaba apa ana njero ruangan
     - sajrone swasana susah, seneng utawa serius
b. Milih geguritan:
c. Ndhudhah geguritan
d. Gegladhen

Supaya pamacane geguritan iku bisa endah perlu nggatekake paugeran maca geguritan yaiku:
a. Ngerteni isine geguritan
b. Medhote tembung bener
c. Irama(intonasi/lagu)
d.Praupan(ekspresi)

Carane mahami lan ngrasakake isine geguritan yaiku:
a. Tanda garis miring siji(/) kanggo gantine tandha koma kang karepe mandheg sedela
b. Tandha garis miring loro(//) kanggo gantine tandha mandheg titk karepe mandheg kaya dene titik.
c. Tandha sama dengan(=) kanggo tandha karepe ora mandheg dibacutake larik siji lan sijine ora ana mandhege.